Skip to main content

Posts

Showing posts from December, 2009

Diuber celeng

Sore-sore mari mulih angon, Bunali pethuk ambek Brudin. "Waras ta !! " jare Brudin ndhik Bunali. "Waduh dino iki aku meh mati disruduk celeng " jare Bunali. "Lho kok isok ngono, yok opo ceritone ?" jare Brudin. "Mau awan iku aku pethuk celeng, terus tak garai, tak kileni ambek pring dhadhak nguamuk. Aku diuber-uber katene disrudhuk, untunge iku celenge bolak-balik tibo kepleset, dhadhi aku sempet menek wit klopo". jare Bunali. "Waduh cik sereme, lek aku sing ngalami wis pucet kepuyuh-puyuh gak karuan" jare Brudin. "Lho, aku iyo ngono, kon pikir celenge kepleset opo ?"

PUTUS ASA

Sore-sore Muntiyadi jagongan ngelamun nang warung, pandangane kosong ambek tangane ngudek es teh. Moro-moro Paidi, koncone, teko ngageti terus langsung nyaut ngombene Muntiyadi diglogok sampek enthek, karepe ngono ngejak guyon. Muntiyadi nuangis gerung-gerung, koncone malih gupuh kabeh. "Wok!! Kon iku jarene tentara tapi kok cik gembenge, ngombemu tak saut ae wis nangis," jare Paidi. "Sak dino iku apes thok uripku." jare Muntiyadi. "Lho opoko, mbok menowo aku isok nulungi," jare Paidi sakno. "Isuk mau, aku dipecat mergo ngilangno bedhile komandan," jare Muntiyadi. "Walah ngono ae lho, laopo se dipikir. Awakmu lak demphal tah, dadi bodyguard utowo preman pasar sik payu," jare Paidi. "Iku sik gak sepiro. Mari dipecat, aku mulih gasik. Pas sampek omah, dhadhak aku mergoki bojoku lagi indehoi ambek koncoku," jare Muntiyadi. "Wis gak usah dipikir. Bojomu lak pancen ngono kelakuane, pegaten ae, wong wedhok sik uakeh sing tahes

Jin

Mari kekeselen ngerombeng gak oleh-oleh, Kayat ngaso ndhik ngisore wit asem, mripate nguantuk, sikile kemeng, wetenge luwe. Sik tas katene keturon, dhadhak sikile ngincak botol. Bareng botole dijupuk dhadhak metu beluk’e, Kayat mencolot kuaget. "Hua ha ha ha, jenengku jin botol, telu panjalukmu bakal tak turuti,"jare jine. "Gak percoyo aku, paling kon kate mbujuki aku. Biyen aku iki ngguanteng lan sugih, lha saiki aku malih ireng mlarat koyok ngene iki mergo dibujuki ambek jin" jare Kayat. "Lho biyen iku be'e awakmu pethuk ambek jin kaspo, lha aku iki lak jin apik’an ta, dhadhi wis gak usah khawatir. Opo maneh awakmu wis kadung koyok ngono, gak bakal isok luwih soro maneh, wis ta gak rugi pokok’e. Lek gak percoyo, coba’en dhisik ae njaluk opo" jare jine maneh. "Yo wis, awas lek awakmu mbujuk’i. Tak gibheng koen !!!. Sing pertama, aku kepingin ndhuwe dhuwik sak karung," jare Kayat "Meremo dhiluk.." jare jine. Ting... Pas melek moro-m

MbahJo

Mbah Jo dirawat ndhik rumah sakit. Jare doktere asmane wis kronis, irunge sampek dipasangi selang. Wis pirang-pirang dino iki mbah Jo mueneeng ae koyok wong koma, mripate thok sing ketap-ketip. Dikiro wis wayahe mangkat, anake nyelukno mudhin ben didungakno. Pas Mudhine enak-enak ndungo, moro-moro Mbah Jo megap-mggap gak isok ambekan, raine pucet, tangane gemeter. Nganggo bahasa isyarat mbah Jo nirokno wong nulis. Anake ngerti maksute, langsung dijupukno kertas ambek pulpen. Ambek megap-megap, Mbah Jo nulis surat. Karo siso-siso tenogone Mbah Jo ngekekno surate iku mau nang Pak Mudhine. Ambek Pak Mudhine kertase iku mau langsung disaki, rasane kok gak tepak moco surat wasiat saiki, pikire Pak Mudhin. Mari ngesaki surat Pak Mudhin nerusno ndungone. Gak sui mari ngono mbah Jo mangkat. Akeh wong sing kelangan, soale masio sangar, Mbah Jo iku wonge apikan. Pas selametan pitung dinane Mbah Jo, Pak Mudhin diundang maneh. Mari mimpin ndungo, Pak Mudhin lagek iling lek dhe'e nganggo klambi